Langsung ke konten utama

Ratu Mas Rarasantang


Ratu Mas Rarasantang lagi kayungyun kadang ira Walangsungsang . karuna siang kalawan dalu antos kawan dalu. Rarasantang nyupena pinanggih tiang jaler sajuga kang langkung pekik, lumerit gandane amejang agama islam. Kinen puruhita sarengat Jeng Nabi Muhammad lan cinempad benjing gadah laki Ratu islam lan duwe anak lanang waliyullah kang pinunjul.
Rara Santang sigra anglilir kemutan ing supena nira lajeng medal saking kadalon mulya pahilaran kang kadang Walangsungsang luntah lampahira.

Kocapa salebeting dalem puri geger busekan. Reh kang putri anglolos ical tanpa krana. Kanjeng Ratu Subanglarang langkung karuna anyungkemi Sang Prabu, reh putra kalih ical. Sang Prabu langkung kagiyat sigra animbali sagunging para para putra Santana patih, bupati prawadya kinempalaken. Ngandika sang Prabu : he patih Argatala, dipati siput saiki ulatana putra ningwang Dewi Rarasantang musna saking kraton saha Walangsungsang katimbalan wangsul poma aja ora kagawa putra sakarone. Hyan patih Argatala matur sandika, sigra medal ing jawi ngundarahaken sagunging para wadya ing Pejajaran, geger busekan, para wadya sinebar. Patih Argatala pahilaran metapan anut lampahing pandita. Dipati Siput pahilaran ing Wana anut lampahing Sato. Para putra sami medukuhan saweneh matapan, utawi kang raraton, para wadya bubar sewang-sewangan sami ajrih tan wangsul yen dereng pikantuk karya.

Kocapan Walangsungsang sampun prabli ing sukuning ardi Maraapi lagiya pilekur tan dangu prapta nira sanghyang Danuwarsih. Prapta sampun ing ayunan. Ngandika sang Danuwarsih : he sapa sira, putra endi lan apa sinedya? Ngandika Walangsungsang : Walangsungsang kang anama putra Pejajaran kang miyos saking Ratu Subanglarang, kang sinedya puruhita agama islam. Ngandika sang Danuwarsih : becik saiki melu nira si rama anang pucuk gunung Maraapi, yakti katemu lawan jodo nira. Walangsungsang matur sumangga, sigra sareng wangsul ing kayuwanganipun. Prapti sampun ing puncaking gunung Maraapi. Sang hyang Danuwarsih ngandika : he putranisun nini Hindang Ayu, saiki gancang gaweya sesuguh jodonira wus prata.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PROPOSAL PAGELARAN WAYANG KULIT SEMALAM SUNTUK TAHUN 2011

PANITIA NGUNJUNG BUYUT PANEMBAHANPANGERAN PASAREAN KELURAHAN GEGUNUNG KECAMATAN SUMBER KABUPATEN CIREBON TELP. 081 324 292 345 PROPOSAL PAGELARAN WAYANG KULIT SEMALAM SUNTUK TAHUN 2011 A.       Pendahuluan Seni dan Budaya dalam arti luas, memiliki pemahaman yang menyatu dengan proses pembentukan cita rasa manusia terhadap waktu dan alam jagat raya. Sebagai sebuah proses, Seni dan budaya saat  ini mengalami suatu keadaan, dimana kita (manusia) sebagai pelaku pencetus lahirnya seni dan budaya, termanipulasi oleh perkembangan zaman atau larut dalam seni dan budaya modern. Proses perkembangan zaman  ini  mambuat kita lupa akan seni dan budaya leluhur yang merupakan prototype dan asal-usul lahirnya sebuah sejarah dan kebudayaan bangsa.

Pengantar Awal

Lan iki saban-saban maca sejarah Babad Cirebon kudu maca fatekah ngaturi maring Gusti ingkang sinuhun kanjeng susuhunancirebon, arep maca lan sawuse maca. “ Tshumma ila khadhroti sayyidina wamaulana sulthoni makhmudaauliyaallahu ta’ala qutubizzaman kholifaturrosullullohi shollallohi ‘alaihi wasallam, syaullohilahumul faatikhah”. Ikilah sejarah Babad Cirebon. Poma-poma aja den silihaken ing wong liyan. “Wallohi a’lamubisshowab”

Sejarah Situs Makam Pangeran Pasarean

  Situs Pangeran Pasarean terletak ± 2 km kearah timur dari pusat pemerintahan Kab. Cirebon, tepatnya di Rt/04/01 Kel. Gegunung Kec Sumber. Menurut kitab Cirebon Nagari Pangeran Pasarean nama aslinya Pangeran Muhammad Arifin putra Syaikh Syarif Hidayatullah, atau yang dikenal Sunan Gunung Jati.