Langsung ke konten utama

Kawitan Anyarihosaken


Ingkang kawitan anyarihosaken lampahipun kanjeng Pangeran Walangsungsang sahingga dumugi ing carihosipun ingkang sinuhun kanjeng Suhunan Cirebon utawi kang binuka catur-anyaturaken. Sanunggaling praja ing Pejajaran Ratu Agung ing tanah Pasundan. Kang nama Sri Prabu Siliwangi. Ari ingkang gawa Ambel Kasih, Aci Badaya, kawin Kanjeng Ratu Subang Larang Prameswari, selir domas kang miyos putra kawan dasa.

Sang Prabu ngandika : he putra ningwang Walangsungsang sun lingali kojem semune prihatin lan sami sajajare palinggih apa kang dadi sokalwa nira. Mapan sira gadang Prabu Anom Amangku Nagara atawa putri kang sira karepi. Matur mendi kang sira sadya. Aja sira kanggo priyatin pribawa semuning kadalon.ingkang putra nembah matur. Garwi tumungkuling jangga kumembeng waspa nira.
 Duh gusti bendu dalem  kang kasuhun reh kala wengi sukra ambawa nyupena pinggih tiyang jaler sajuga kang langkung pekik amejang agama islam sarengat Jeng Nabi Muhammad kang dadi utusaning yang widi amung langkung cuwa ing manah dereng rampung amba anglilir ing samangke kalangkung brangta ing agama islam kengetan tanana marganing guru.

Sang Prabu ngandika sarwi mesem : Walangsungsang sira wong anom poma aja katulen sira kenang paneluhan, kenang pamemayan. Muhammad kang ngaku panutan kang dadi dutaning Widi yaktine dora ngacapara, reh kang stuhune panutan Yuwang Brahma, Yuwang Wisnu, Yuwang Jagat Nata pangerane wong satri loka kang dingin dalah saiki para leluhur karsa ngowahi.
Walangsungsang nembah matur : Duh Gusti nuhun pangaksama dalem sapu denda kang kasanggih reh amba langkung condong sarengate Jeng Nabi Muhammad lan saluhure Pangeran kang sinembah anging Allah kang lan sakutu papadane anyar. Sang Prabu garjita reh kang putra lan mituhu nyelempang agamane. Binendon ingkang putra lan kenging manggen ing Negara. Walangsungsang nedya sukaning galih sigra pamit kengser saking ayunan, medal sampun ing Jawi. Luntah lampahira manjing alas-metu alas, munggah gunung-turun gunung terus mangetan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PROPOSAL PAGELARAN WAYANG KULIT SEMALAM SUNTUK TAHUN 2011

PANITIA NGUNJUNG BUYUT PANEMBAHANPANGERAN PASAREAN KELURAHAN GEGUNUNG KECAMATAN SUMBER KABUPATEN CIREBON TELP. 081 324 292 345 PROPOSAL PAGELARAN WAYANG KULIT SEMALAM SUNTUK TAHUN 2011 A.       Pendahuluan Seni dan Budaya dalam arti luas, memiliki pemahaman yang menyatu dengan proses pembentukan cita rasa manusia terhadap waktu dan alam jagat raya. Sebagai sebuah proses, Seni dan budaya saat  ini mengalami suatu keadaan, dimana kita (manusia) sebagai pelaku pencetus lahirnya seni dan budaya, termanipulasi oleh perkembangan zaman atau larut dalam seni dan budaya modern. Proses perkembangan zaman  ini  mambuat kita lupa akan seni dan budaya leluhur yang merupakan prototype dan asal-usul lahirnya sebuah sejarah dan kebudayaan bangsa.

Pengantar Awal

Lan iki saban-saban maca sejarah Babad Cirebon kudu maca fatekah ngaturi maring Gusti ingkang sinuhun kanjeng susuhunancirebon, arep maca lan sawuse maca. “ Tshumma ila khadhroti sayyidina wamaulana sulthoni makhmudaauliyaallahu ta’ala qutubizzaman kholifaturrosullullohi shollallohi ‘alaihi wasallam, syaullohilahumul faatikhah”. Ikilah sejarah Babad Cirebon. Poma-poma aja den silihaken ing wong liyan. “Wallohi a’lamubisshowab”

Sejarah Situs Makam Pangeran Pasarean

  Situs Pangeran Pasarean terletak ± 2 km kearah timur dari pusat pemerintahan Kab. Cirebon, tepatnya di Rt/04/01 Kel. Gegunung Kec Sumber. Menurut kitab Cirebon Nagari Pangeran Pasarean nama aslinya Pangeran Muhammad Arifin putra Syaikh Syarif Hidayatullah, atau yang dikenal Sunan Gunung Jati.